RAWA PENING
Dewi Sawitri : (lungo nang pasar lan kondisine hamil)
Titin : (omong karo tonggo deso liyo
ketika wektu ndelok dewi)
eleehh..elehh..deloken dewi sawitri kui, deloken wetenge kuii lho, mlendung gedhe
eleehh..elehh..deloken dewi sawitri kui, deloken wetenge kuii lho, mlendung gedhe
Anez : eh,eh, iya wi.. wong ra nduwe
bojo kok isoh mlendhung yoo :o
Titin : hahaha, dasar wong wedok ala kui
(Dewi sawitri rasane sedhih lan isin banjur ninggalke
tonggo deso)
Indah : (umahe cedak dewi sawitri lan
mung kui uwong leng bisa ngerteni sawitri) (mlayu-mlayu njeluk mbok paijem
“dukun ing deso) Tok..tokk..took.. mbok
jem mbok jem (karo ndhodhokki lawang)
Mbok paijem : (membuka pintu) ono opo to ndah
???
Indah : anu lho mbok anuu..
Mbok paijem : opo ndah ???
Indah : anu mbok jem, sawitri babaran (karo
nggeret tangane mbok jem)monggo mbok wonten griyane dewi
Mbok paijem : (karo nglepas tangane sing diseret
indah) sek no ndah, tak lipstikan disik
( Indah & Mbok jem sampai rumah sawitri )
Mbok jem : ayo ndok terus tarik napas
..tokke alon-alon..ayo ndok terus ndok..
(mak prucut anake sawitri metu, nanging anake dudu
bayi tapi awujud ulo)
(indah & mbok jem kaget banget)
Dewi sawitri : (cayane kaget lan ora percoyo,
banjur semaput)
(sakwise sadar banjur mbuang anake ono utan dan anake
dijenengi BARU KLINTHING
Baru Klinthing : (moro neng ibune) ibu, jane niku
bapakku sinten to bu ??? kok ibu tegel mbuwang aku sing bagus iki neng utan,
koncoku mung kethek-kethek lho buk..
Dewi Sawitri : salahe ujudmu ulo, aku isin no duwe
anak ulo, wong aku we ayune koyo ngene kok, mosok anakku awujud ulo koyo koe,..
Baru Klinthing : lahh terus buk, bapakku netep ono
pundi to buk ??
Dewi Sawitri : bapak mu kuwi Ki Hajar
Salokantara ono ing gunung lawu
Baru Klinthing : matur sembah nuwun buk, aku bakal
nggoleki bapak, kulo nuwun buk..
(Baru Klinthing tekan gunung lawu)
Baru Klinthing : pak.e, salokantara…3x (sambil berteriak teriak)
Ki Hajar Salokantara : sopo kui ???
Baru Klinthing : Aku Baru Klinthing pak, aku
putrane panjenengan lan putranipun Dewi Sawitri
Ki Hajar Salokantara : Mosok anakku elek, Bapak Ibune we
koyo Artis kok
Baru Klinthing : tenan Bapakku sayang, aku Baru
Klinthing anakmu lan Dewi Sawitri
Ki Hajar Salokantara : okeoke yen koe isoh nggayuk
gunung lawu iki
Baru Klinthing : hah…..??? pripun carane pak,
dowoku mung sementen pak, gunungipun guede sanget
Ki Hajar Salokantara : yoes karepmu yen pingin tak aku
anak yo kudu isoh titik.
Baru Klinthing : ohh inggih pak, siap aku bakal
usaha
(Baru Klinthing usaha kanthi tenaga, lan akhire bisa
menggayuk gunung lawu)
(warga desa arep ngadakkake pesta)
Indah : woii, woii, gek ayo golek iwak
nggo pesta
Para penduduk desa : yo ayo awakdewe neng utan. Koe ro
koe njupuk kiwo, aku dewe njupuk dalan tengen
(para warga deso kumpul meneh kanthi ora ono kasil)
Anez : yowis ayo bali wae
Titin : eh, ayo nyoba golek neng gunung
lawu
Para penduduk desa : yo ayooo…
Indah : eh, eh, deloken kae ,ono ulo gede
opo naga kae, gueedde banget. Apik
Para penduduk desa : yoo ayoo langsung dicacah wae,
mesti mantebb buanget iki, guedddi
(warga desa nyacah-nyacah naga/ Baru Klinthing kang
lagi topo)
(warga nyelenggarakake pesta)
(teko jelmaan Baru klinthing)
Jelmaan Baru Klinthing : pak, buk, aku nyuwun uwos
sekedhik mawon
Penduduk desa : ihh, sopo koe??? Lungo kono !!!
(teko simbah tua, ngampiri jelmaan Baru Klinthing)
Simbah tua : ayoo le, neng gubuke nenek wae,
ono panganan sithik
Jelmaan Baru Klinthing : (nancepke lidi neng cedhak papan
kanggo pesta) jleeb .banjur lungo kaliyan simbah tua
Para penduduk desa : eh, aseemm kae, mlarat, mbalah
ngregedi neng kene. Ayoo didudut wae lidine(karo nyobo narik lidi). Ora isoh ki
aku, cobo koe, eh…iyo wi, abot banget. Ayo bareng-bareng, 1…2…3… wah ,kok ora isoh-isoh
Baru Klinthing : cobo aku wae le ndudut (
sruut)lidi bisa kacabut lan mancurake banyu kang kathah sanget saengga kabeh warga
desa kalilep neng njerone , lan banyu sing dipancurake bening sanget saengga kasebut
RAWA PENING.
Tokoh : 1.Dewi Sawitri :
Anggi
2. Mbok Paijem
3. Baru Klinthing
4. Ki Hajar Salokantara
5. Nenek Tua
6. Penduduk Desa1 : Indah
7. Penduduk Desa2 : Titin
8. Penduduk Desa3 : Anis
Tidak ada komentar:
Posting Komentar